KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA IKHLAS DALAM MENJALANKAN IBADAH

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

IKHLAS DALAM MENJALANKAN IBADAH
Oleh : Ust. Faiz Al-Amien

Begitu pentingnya sebuah niat, sehingga amal atau ibadah apapun tidak akan pernah sampai kepada Allah jikalau tanpa adanya niat, seperti orang lingling saja, berbuat sesuatu tanpa adanya niat dan tujunan. Memang terkesan lucu dan aneh, sebuah ibadah yang dijalankan tanpa adanya niat. Lalu untuk apa mereka beribadah? Banyak hadits yang mengupas tentang pentingnya niat, namun disini yan akn kami bahasa dalah bab keikhlasan dan peran dari sebuah niat / krentek yang kami kupas secara singkat saja dalam format Khutbah Jumat Bahasa Jawa.
Untuk lebih jelasnya silakan simak teks khutbah jum’at singkat bahasa jawa berikut ini.    

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى خَلَقَ اْلإِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَائِرِ اْلأَدْيَانِ, أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَـثِــيْرًا. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّـهَا النَّاسُ, إِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إلَّا وَأَنْـتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَالَ تَعَالَى : يٰاأَيُّـهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا إِتَّـقُوا اللهَ وَالْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدْ, وَاتَّقُوا اللهَ, إنَّ اللهَ خَبِـــيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ. وَقَالَ أَيْضًا : وَمَا أُمِرُوا إِلا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاءَ وَيُقِيمُوا الصَّلاةَ وَيُؤْتُوا الزَّكَاةَ وَذَلِكَ دِينُ الْقَيِّمَةِ :

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.
Sumonggo kito ngunjukken raos syukur wonten ngarso Dalem Allah ingkang sampun maringi kito kenikmatan engkang boten kawical-wical. lan sumonggo kito ningkatakenn mutu keimanan lan kualitas taqwa klawan kanthi tansah netepi  taat dhateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi  sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumowantun nilar kwajiban lan nglerwa-aken dawuh dawuhipun Allah , lan ugi ampun ngantos kumo wanton  nerjang awisanipun Allah. Wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan taat dhateng Allah , supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.
Saklajengipun mangga kito sami ikhtiyar ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita, bilih sedaya amal ibadah ingkang kita tindakaken sageta bersih saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi  murih ridlanipun Allah. jalaran ikhlas puniko minongko jiwanipun amal. Artosipun amal engkang mboten dipun landasai kelawan keikhlasan puniko bebasan jasad engkang mboten wonten ruh-ipun lan temtu jasad puniko mboten wonten ginanipun. Dados amal engkang badhe katampi wonten ing ngarso dalem Allah nun inggih amal engkang linandesan keikhlasan. Kados dawuh dalem kanjeng Nabi Muhammad :
لَا يَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَ الْعَمَلِ إِلَّا مَا كَانَ لَهُ خَالِصًا وَابْـتَغِى بِهِ وَجْهَهُ
 “Gusti Allah ora bakal kersa nampa amal kang ora disertani ikhlas kerana murih ridlane Allah” (HR.Ibnu Majah).
Wondene titik tolakipun amal punika wonten ing niat. Niat ingkang ikhlas bade ndadosaken amal ingkang alit dados ageng, kosok wangsul, niat ingkang mboten ikhlas saget ndadosaken amal ingkang ageng dados alit utawi kepara malah ndadosaken amal lebur tanpa gina. Sawenehing Ulama paring pengendika:
“Pirang pirang amal kang katone mung cilik, nanging ganjarane nuli dadi gede jalaran sangka becike niyat. Lan pirang-pirang amal kang katone gedhe, hananging wusanane dadi cilik ganjarane amergo luput olehe niyat.”
Ningali semanten perananipun niat sak lebetipun amal, pramila menopo kemawon amal ingkang saget kita tindakaken, eman sanget menawi mboten kaniyatan kanti ikhlas, jalaran wujudipun amal sami kemawon ikhlas utawi mboten,  nanging labet saha ganjaran lan tinampinipun amal wonten ngarsanipun Allah inggih namung mawi niat kang ikhlas murih ridlanipun Allah . Langkung langkung amal ibadah ingkang anggadahi dimensi sosial, punika langkung rentan dateng lumebetipun seja ingkang ngirangi, utawi kepara ngrisak dateng amal kita. Kados dene sedekah, tetulung dateng sesami lan sanesipun punika langkung gampil kecampuran niyat lan seja seja kamanungsan. Ing mangka miderek dawuh hadits ingkang sanget kawentar kanjeng Nabi ngengetaken kanti dawuhipun :

إِنَّمَا اْلأَعْمَالُ بِالنِّيَاتِ, وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَانَوَى

"Bilih, tumrapipun satunggaling tiyang, punika bade pikantuk ganjaran miturut niyatipun”  .

Wusananipun mugi mugi kita tansaha kaparingan pitedahipun Allah tansah saget nindakaken amal ibadah kanti ikhlas namung kerana nggayuh karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Amiin

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَالْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ.

KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْـمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُوَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلـْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالـَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الـْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالـْمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ وَالْـمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلـمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.


0 Response to "KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA IKHLAS DALAM MENJALANKAN IBADAH"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel