KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA 15 JUNI 2018 / 1 SYAWAL 1439 H
KHUTBAH JUMAT 15 JUNI 2018
1 SYAWAL 1439 H
Bulan Syawal merupakan bulan fitrah, yaitu dengan ditandai dengan seluruh umat islam merayakan hari raya idul fitri dengan membayar zakat fitrah, zakat untuk membersihkan jiwa. bersama-sama seluruh umat Muslim melaksanakan shalat Id dan dilanjutkan dengan bersalam-salaman, saling mengakui kesalahan masing-masing dan meminta maaf diantara sesamanya.
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
أَلْحَمْدُ لِلَّهِ جَعَلَ أَيَّامَ الْأَعْيَادِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْـمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. َأمَا بَعدُ : فَيَا أَيّـُهَاالنَّاسُ, أُوْصِيْــكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَــقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى : كُــنْتُمْ خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُوْنَ بِالْـمَعْرُوْفِ وَتَنْـهَوْنَ عَنِ الْـمُنْــكَرِ وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللهِ, وَلَوْ آمَنَ أَهْلُ اْلــكِـتَابِ لَــكَانَ خَيْرٌ لَهُمْ, مِنْـهُمُ الْـمُؤْمِنُوْنَ وَأَكْــثَرُهُمُ الْفَاسِقُوْنَ أَمَّا بَعْدُ:
Masyirol muslimin rohimakumulloh.
Saksampunipun kito tingkas nindakaken shiyam Ramadhan, sameniko kito mlebet ing wulan Syawal. Kanthi punika mangga kita jumbuhaken sedaya ibadah punika kanthi ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah ﷻ. Sebab wulan syawal punika kasebat wulan kamenangan, amargi kito sedoyo sampun saget ngeker hawa nafsu, amargi umat Islam ingkang sampun saget nindakaken shiyam Ramadhan namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti Allah, dipun kantheni kalian bayar zakat fitrah minangka sarana kagem bersih jiwa sahingga nalika mlebet ing setunggal syawal kawontenanipun kados bayi ingkang nembe lahir saking gua garbanipun ibu.
Selaras kalian semangat pembangunan ing sedaya bidang, pemerintah negari Indonesia dipun adepaken kalian mapinten-pinten kedadosan ingkang boten pas kalian semangat perjungan lan pengorbananipun para pahlawan. Kados pundi para pahlawan ikhlas ngurbanaken bandha lan nyawanipun namung kagem mujudaken kamardikan.
Nanging generasi sapunika selaras kalian majengipun ilmu pengetahuan lan teknologi, kabikaipun media informasi kanthi bebas, sahingga tiyang Islam ingkang boten gadhai kekiatan iman gampil kabujuk kalian tumindak ingkang nerak dhateng wewaleripun syara’ sarto nindakaken pakerti ingkang nerak dhateng aturan moralitas Islam. Sedaya tumindak punika satemah sanes jiwanipun para syuhada’. Tumindak punika kedah dipun tilar.
Kanthi mekaten, saksampunipun kawontenan kita fitrah, lan sak bibaripun nindakaken shalat Id kolo enjing wahu dipun terasaken kanthi halal-bihalal. Ing antawis setunggal tiyang kalian sanesiapun sami pasrah kalepatan, rumaos dados tiyang ingkang lepat. Boten wonten tiyang ingkang rumaos bener. Kanthi mekaten menawi sifat punika saget dipun lestantunaken insya-Allah sendi-sendi kehidupan bermasyarakat badhe dados harmonis, sahingga negari kita badhe tambah majeng, ing bidang ekonomi, sosial, budaya, politik lan keamananipun. Selaras kalian pangendikanipun rasul:
لَا تَبَاغَضُوْا وَلَا تَحَاسَدُوا وَلَا تَدَابَرُواْ وَلَا تَقَاطَعُواْ وَكُوْنُواْ عِبَادَاللهِ اِخْوَانًا وَلَا يَحِلُّ لِـمـُسْلِمٍ اَنْ يَهْجُرَ اَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثٍ
(رواه البخارى ومسلم(
“Sira aja padha nesu-nesunan, meri-merinan, padha mlengos-mlengosan lan medhot paseduluran, dadiya sira kawulane Gusti Allah kang nyedulur. Wong Islam ora kena ngenengake sedulure (padha muslim) punjul seka telung dina”. (HR. Bukhari Muslim).
Maasyirol Muslimin rohimakumulloh
Tahun punika satemah dados tahun politik, sahingga bedanipun pemanggih ing setunggal tiyang lan golongan kalian sanesipun kedah dipun budayakaken raos paring pahargyan lan pikurmatan. Satemah ing dunya punika boten wonten ingkang sampurna kejawi kasampurnan punika kedah kita usahakaken, boten wonten tiyang ingkang paling bener lan leres kajawi kita tansah berusaha suados dados tiyang ingkang bener lan leres.
Syarat dados tiyang ingkang bagus inggih punika umat ingkang kuat imanipun lan kaping kalih tansah nindakaken pedamelan ingkang sae lan nyegah dhateng sedaya pedamelan munkar. Kanthi mekaten ing setunggal wulan sampun dipun latih supados dados tiyang ingkang sabar lan sadar nindakaken dhawuhipun agami milahi saking imsak ngantossruping srengenge. Kita ugi sampun nindakaken ibadah sirri. Kanthi mekaten kita dipun latih dados tiyang ingkang jujur, ugi ngeker saking hawa nafsu ingkang asal pokokipun saking margi kita mirsani, mirengeken, ngraosaken lan mikiraken, sahingga menawi boten dipun landasi kalian iman yektos manungsa badhe medal saking keimanan.
Semanten ugi kito sampun dipun latih kalian nindakaken ibadah shalat sunnah, tadarus Alquran lan nindakaken syi’ar Islam. Njagi kawontenan fitrah diri punika, badhe saget mujudaken jayanipun negari. Amargi pembangunan negari punika betahaken pribadi ingkang cerdas, ikhlas, sabar, jujur, disiplin, istiqomah, tawadhu’. Semangat engkang kados mekaten punika sampun dipun latih ing sak lebetipun nindakaken shiyam Ramadhan.
Mugi-mugi sedaya amal ibadah ingkang sampun kito tindakaken mugi-mugi dipun tampi dening Allah. Lan sedaya amal ibadah ingkang dereng dipun tindakaken mugi-mugi Allah tansah maringi petedah dhateng kita, margi ingkang leres lan sanes marginipun tiyang-tiyang ingkang dipun bendoni, amin.
اَلْحَمْدُللهِ الَّذِى جَعَلَ الْيَوْمَ عِيْدًا لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَخَتَمَ بِهِ شَهْرَ الصِّيَامِ لِلْمُخْلِصِيْنَ . اَشْهَدُ اَن لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الـْمَشْهُوْرُ بِفَطَانَتِهِ وَاَمَانَتِهِ وَصِدْقِهِ وَتَبْلِيْغِهِ وَصَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَاداللهِ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْـتَـهُوْا عَمَّا نَهَى اللهُ عَنْهُ وَحَذَرَ. فَقَاَلَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَآأَيُّهاَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةِ الْـمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالـْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالـْمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ وَالـْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللّٰهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْـمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ . رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.
0 Response to "KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA 15 JUNI 2018 / 1 SYAWAL 1439 H"
Post a Comment